Popular Post

Posted by : Zachary's Blog Saturday 15 February 2014




Salam WIRO YUDHO WICAKSONO sedulur ingkang kinurmatan..



ing wayah sonten niki, kulo selaku admin ngucapaken sugeng sonten, sugeng wilujeng

monggo sekedap kito ningali Lambang kebesaran pencak Silat Cempaka Putih, ingkang gadah pusat ing magetan.

Sakderenge Kulo Nyuwun pangapunten yen wonten organisasi sanes PSCP ingkang ningali postingan niki, ampun tersinggung rumiyen monggo di simak rumiyen sumonggo

Kulo Bangga Sanget, Saget dados warga Purwa PSCP, kulo miwiti latihan silat niki tahun 2012 teng SMK KESUMA MARGOYOSO. kulo mboten sekolah teng mriku tapi kulo nderek latihan teng mriku, kulo diajarai setitik sko sitik, opo kui pencak silat cempaka putih, mboten namung diajari silat, tapi kulo lan sedulur, nggeh diajari tentang moral, lan falsafah jowo lan falsafah PSCP.
mekaten ugo kaleh arti lambang PSCP, ing wayah sonten niki kulo namung bahas setunggal saking katahipun arti saking lambang PSCP.

Pertanyaan : kenopo PSCP nganggo jengen PENCAK SILAT, bukane PERSAUDARAAN, utowo GERAK SILAT dll.
nah niki PENCAK SILAT ing PSCP niku anggadahi artiingkang benten kalian organisasi sanes, kulo wedar PENCAK = ing PSCP tetembungan pencak niku artinipung = NGEPENKE KAWICAKSANAN, nggeh niku arti secara luas, pendekar PSCP niki saget ngutamake kawicaksanan utowo kebijaksanaan, dadi, yen  opo wae diawali kanthi ngepenke kewicaksanan, niku mboten bakal bubrah, mboten namung seduluran tapi yen didasari kanthi kawicaksanan niku saget kita, saget guyup ruku, seduluranipun saget raket, lanjut ing tembung SILAT, nggeh niku Sinau, Ilmu, Laku, Amanah, Tuhan, teng PSCP tembung pencak silat mboten ditujukae kangge urusan dunyo kemawon nanging nggeh wonten tujuan kangge sangu akhirat, tujuan kangge sangu akhirat ingkang diajare niku tersirat ing tembung SILAT, tujuan bebrayan guyup rukun, urip tentrem niku tersirat ing tembung PENCAK.
Dadi wong cempaka putih niku mboten melulu diajarke tentang beladiri, lan kadunyan, tapi nggeh wonten materi tetang kangge sangu ing alam sa sampune pejah.

admin namung menusi biasa, yen sedulur PSCP wonten seng mboten setuju utowo ajeng nambahke monggo teng kolom komentar.

HIDUP CEMPAKA PUTIH

{ 2 komentar... read them below or Comment }

  1. Salamsatu jiwo wiro yudho wicaksono pencak silat bukan saja mengajarkan tentang banyak arti bukan sekedar persaudaraan saja pencak silat juga mengajarkan akan arti kebijak sanaan berani karena benar takut karena salah jadilah kesatria yang bijaksana dalam bertindak berani dalam kebenara n itulah moto semboyan yg sudah lekat dalam anggota pscp luhure ati manahing budi salam dari ranting madiun akatan 2006

    ReplyDelete

Monggo Tanggapan saking sedulur sedoyo
(Silahkan tanggapan dari saudara semua)

- Copyright © Zakharia Aprilianto - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Zakharia | CEMPAKA 1974 -