Popular Post

Posted by : Zachary's Blog Sunday 19 January 2014

"MBEGEG UGEG UGEG, HEMEL HEMEL SAKNDULITHO"

Sugeng sonten sedulur..
Dalam postingan kali ini admin akan menggunakan bahasa jawa sepenuhnya, jadi saya sangat meminta maaf jika mitra pembaca harus repot repot translate.

Inggih sedulur ing sonten meniko kawulo(admin) ajeng bahas bab wejangan Ki lurah SEMAR.
Ki Lurah semar nggih meniko sesepuh ing group PUNAKAWAN. teng group punakawan niki wonten 4 tokoh, kados jengenipun punokawan nggih niku puno kang sekawan, sekawan niku berarti 4(papat), tokoh tokoh niku nggeh meniko, wonten KI LURAH SEMAR ,GARENG, PETRUK, BAGONG.
admin remen sanget yen ningali pentas budoyo pewayangan, khususipun wayang kulit, nopo meneh yen pas ukara goro-goro lan punokawan. carito PUNAKAWAN niku  anggambaraken bab ukoro laku beninge wong hurip, teng cerito punokawan, kito diajarke nek teng dunyo niki namung wonten loro(2)  rong ukoro, nggeh niku, ireng-putih, becik-elek, metu-mlebu lan sanesipun, lan yen nonton pewayangan niku kulo remen kalihan filsafah filsafah kejawen, salah setunggal filasafah/wejangan jawi saking lurah semar sing terus manjing ing ati kulo niku nggeh "mbegegeg ugeg ugeg, hemel-hemel sak ndulitho" ingkang anggadahi arti = wong sing mung tengok tengok, ora gelem usaha, ora bakal entuk opo opo, tapi yen wong kui gelem usaha kanthi dedungo, Gusti Murping dumadi bakal maringi opo kemawon ingkan dibutohake menuso"


Ngno ugo ki lurah semar diwedeni kalian pendekar-pendekar ing jaman purbokolo, mboten pekoro gagahipun semar, mboten pekoro nganteng utawa sekti mandraguno, ananging ki lurah semar diwedeni lan disegani kalian pendekar-pendekar sekti amergo kilurah semar anggadahi kewicaksanan lan sci ati. monggo sekedap ningali wujudipun ki lurah semar.

delengen kilurah semar, opo seng saget kangge paweden pendekar pendekar sekti ? sakbnere mboyen wonten, ananging ki lurah semar anggadahi watak bapak , watak asah,asih asuh, ki lurah semar diwedeni kalian menuso sak jamane meniko.

lah sedulur, saking cerito niki, kulo pengen ngajak sedulur sedoyo supoyo anggadahi watak kados ki lurah semar, nggeh niku dados WIRO YUDHO WICAKSONO, tegesipun sanggup ambelani tiang kang bener lan kirang kiat, kanthi coro kang wicaksono, ampun seneng yen diwedeni tiang, tapi senengono yen awak dewe disegani tiang.

nggeh niku sekedar tulisan saking admin smugi saget migunani

suwun

{ 1 komentar... read them below or add one }

Monggo Tanggapan saking sedulur sedoyo
(Silahkan tanggapan dari saudara semua)

- Copyright © Zakharia Aprilianto - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Zakharia | CEMPAKA 1974 -